Senin, 14 Mei 2012

Syi'ir Gus Dur (KH.ABDURRAHMAN WAHID)

Astaghfirulloh robbal barooya,,,
Astaghfirulloh minal khothooya,,,
Robbii zidnii 'ilman naafi'a,,,
Wa waffiqnii 'amalan shooliha,,,

Yaa rosulallooh,,, salaamun 'alaik,,,
Yaa rofi'a syaani wad daroji,,,
'Athfatayyaajiirotal 'alami,,,
Yaa uhailal juudi wal karomi,,, 2x

Ngawiti engsun,, nglaras syi'iran,,
Kelawan muji mareng Pengeran,,,
Kang paring rohmad lan kenikmatan,,
Rino wengine tanpo pitungan,, 2x

Duh bolo konco,, prio wanito,,
Ojo mung ngaji syare'at bloko,,
Gur pinter ndongeng nulis lan moco,,
Tembeh mburine bakal sangsoro,, 2x

Akeh kang apal Qur'an Hadits e,,
Seneng ngafirke marang liyane,,
Kafire dewe dak digatekke,,
Yen eseh kotor ati akale,, 2x

Gampang kabujuk nafsu angkoro,,,
Ing pepaese gebyare ndunyo,,,
Iri lan meri sugihe tonggo,,
Mulo atine peteng lan nisto,, 2x

Ayo sedulur jo nglalekake,,
Wajibe ngaji sak pranatane,,
Nggo ngandelake iman tauhite,,
Baguse sangu mulyo matine,, 2x

Kang aran sholeh bagus atine,,
Kerono mapan sari ngilmune,,
Laku toreqot lan ma'rifate,,
Ugo haqeqot manjeng rasane,, 2x

Al-Qur'an qodim wahyu minulyo,,
Tanpo tinulis iso diwoco,,
Iku wejangan guru waskito,,
Den tancepake ing njero dodo,, 2x

Kumanthel ati lan pikiran,,
Mrasuk ing badan kabeh jeroan,,
Mu'jizat rosul dadi pedoman,,
Minongko dalan manjinge iman,, 2x

Kelawan Alloh kang moho suci,,
Kudu rangkulan rino lan wengi,,
Ditirakati diriyadlohi,,
Dzikir lan suluk jo nganti lali,, 2x

Uripe ayem rumongso aman,,
Dununge roso tondo yen iman,,
Sabar narimo najan pas pasan,,
Kabeh tinakdir saking Pengeran,, 2x

Kelawan konco dulur lan tonggo,,
Kang podo rukun ojo gae sio,,
Iku sunnahe rosul kang mulyo,,
Nabi Muhammad panutan kito,, 2x

Ayo nglakoni sekabehane,,
Alloh kang bakal ngangkat drajade,,
Senajan asor toto dhohire,,
Ananging mulyo maqom drajade,, 2x

Lamun palastro ing pungkasane,,
Ora kesasar roh lan sukmane,,
Den gadang Alloh suwargo manggone,,
Utuh mayite ugo ulese,, 2x

Yaa rosulallooh,,, salaamun 'alaik,,,
Yaa rofi'a syaani wad daroji,,,
'Athfatayyaajiirotal 'alami,,,
Yaa uhailal juudi wal karomi,,, 2x

Kidung Rumekso Ing Wengi

By Kanjeng Wali Sunan Kalijogo


Ana kidung rumeksa ing wengi,
Teguh ayu luputa ing lara,
Luputa bilahi kabeh,jin setan datan purun,
Paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala,
Gunane wong luput, geni anemahan tirta,
Maling adoh tan ana ngarah ing kami, guna duduk pan sirna.
Sakehin lara pan samja bali,
Sakehing ama sami miruda, welas asih pandulune,
Sakehing bradja luput, kadi kapuk tibanireki,
Sakehing wisa tawa, sato kuda tutut,
Kayu aeng lemah sangar songing landak,
Guwaning mong lemah miring, mjang pakiponing merak.

Pagupakaning warak sakalir,
Nadyan artja mjang sagara asat,
Satemah rahayu kabeh, dadi sarira aju,
Ingideran mring widhadari, rinekseng malaekat,
Sakatahing rusuh, pan dan sarira tunggal,
Ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku, Bagendali kulitingwang,
Abu Bakar getih, daging Umar singgih, balung Bagenda Usman.

Sungsumingsun Fatimah Linuwih,
Siti Aminah bajuning angga,
Ayub minangka ususe, sakehing wulu tuwuh,
Ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad,
Panduluku Rasul, pinajungan Adam syara",
Sampun pepak sakatahing para nabi, dadi sarira tunggal.
Wiji sawiji mulane dadi, pan apencar dadiya sining jagad,
Kasamadan dening Dzate, kang maca kang angrungu,
Kang anurat ingkang nimpeni,
Rahayu ingkang badan, kinarya sesembur,
winacaknaing toja, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan dadi waras.

Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina,
Iderana gelengane, wacanen kidung iki,
Sakeh ama tan ana wani,
Miwah yen ginawa prang wateken ing sekul,
Antuka tigang pulukan, mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan.
Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat,
Teguh ayu penemune, lamun ginawa nglurug,
Mungsuhira datan udani, luput senjata uwa,
Iku pamrihipun, sabarang pakaryanira,
Pan rineksa dening Yang Kang Maha Suci, sakarsane tineken.

Lamun ana wong kabanda kaki,
Lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku bae,
Wacakna tengah dalu, ping salawe den banget mamrih,
Luwaring kang kabanda, kang dinenda wurung,
Dedosane ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi, kang dadi waras.

Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha amawa,
Patang puluh dina wae, lan tangi wektu subuh,
Lan den sabar sukur ing ati,
Insya Allah tineken, sakarsanireku,
Njawabi nak - rakyatira,
Saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga.